jopo montro sembur suwuk ilmu joyo kawijayan pengasihan

BAKALE MANUNGSO LAN TITIPANE ING MANUNGSO



MAS SURYONO - BAKALE MANUNGSO

ono dene bakale manungso iku ono papat

yoiku; wadi , madi , mani , manikem

wadi iku putih moto

madi iku irenge moto

mani iku undering moto

manikem iku anake netro,sak jeroning manikem.johar awal.

sak jroning johar; latakyun, sak jeroning latakyun, rasa,

sak jeroning roso ; ora ono seng weruh liyane gusti allah.



Titipan kang dumunung ing manungso

ono ne titipan kang dumunung ing manungso iku rongpuluh perkoro.pepilahane diterangne iki;

ingkang saking allah patang perkoro ;sir , budi , cipto , roso.

ingkang saking pangeran patang perkoro ; pengucap , pangambu , pangrungu , paningal.

ingkang saking rasul patang perkoro ; napas , tanapas , anpas , nupus.

ingkang saking bopo patang perkoro ; kulit , otot , balung , utek .

ingkang saking biyung patang perkoro ; daging , getih , sungsum , jerowan

( sumber primbon jawa )